Rika pada tau ngerungokna ceritane peang penjol ora? Nek urung lan kepengin krungu, rika ndatar bae dadi anggota milis banyumasan. Nang kana mengko ana file mp3-ne peang penjol. Nek wis tau krungu berarti rika pancen bener-bener wong mbanyumas lan seneng budaya banyumas.

lah ngomong-ngomol ceritane peang penjol, aku agi kemutan karo omongane suliyah agi ditembung bojo nang rewange, “lah kowe tulih rayat, kok wani-wanine ngarah bojo karo nyonyahmu, guwe jenenge ya kere munggah mbale”.

kere munggah mbale, pribasa sing asline tekan ndi aku ya ora ngerti, pernaeh maknane ora adoh karo pribasa cebol nggayuh lintang. Ngarepaken perkara sing ora mungkin kedaden, utawa ari mungkin ya ketone ora sreg.

tapi sing jenenge urip nang ndunya yah, apa bae bisa. jere wong sing senenge mangan keju “nothing impossible” ora ana sing ora mungkin.

pancen bener kang, senajana dewek wong cilik, dewek ora perlu minder, jere Pak Sukarno “gantung cita-citamu setinggi langit”, sing penting gelem usaha, ndonga lan pasrah karo sing gawe urip yakin bae senajana kere bisa munggah mbale, senajana cebol bisa nggayuh lintang.

gambare dijimot kang kene

awas! mbok di cokot jaran

awas! mbok di cokot jaran

Sengertiku, jaran guwe termasuk kewan bangsa herbivora, tegese kewan sing mangane wit-witan. Apa ana sing tumon ana jaran mangan wong? kadangan urung tau luh.

Tapi beda nek nang bangsari, kadangan ana sing wis tau kecokot jaran, nyatane jamane aku tesih cilik sering diweden-wedeni jarene nek di sepiti larane kaya di cokot jaran.

Basa wis ngrasakna di sepiti kayanu mandan yakin luh, soale jyan bener-bener lara. Andamaning nek di sepiti nang mbah dukun sepit, ora di bius babar blas.

Alhamdulillaeh (Alhamdulillah-e) siki sepite wis mari, wis ora ngarasakna maning larane.

Bersakit-sakit dahulu

Bersenang kemudian

Sepitlah dahulu

Enaknya kemudian

Rika wis disepiti urung kang? nek urung ya ora ulih di enggo seneng-seneng gisit.

Wis lumrah wong tani pada bungah nek mangsan rendheng teka. Mangsan rendheng berarti mangsan penggawean, mangsan kepenak pangan, kepenak penguripan.

Sawah sing biasane di jorna merga ora bisa di tanduri nek mangsan ketiga, siki bisa di tanduri maning. Mangsan rendeng ora mung di sambut bungah nang wong tani thok. Kodok, manuk, keong, iwak kathing uga melu bungah. Kodok ora ana kesele saur-sauran, ora awan ora wengi. Iwak kathing mulai pada berkembang biak, keong metu sekang umpetane muter-muter nang sawahan.

Suara mesin tlaktor mertandakna musim tandur enggal di wiwiti, ora lanang ora wadon kabeh sibuk nang sawah. Winih gabah disebar nang papan sebaran, leleran pada di siapna. Mangsan tandur teka,pasukan wong wadon wis siap nandurna benih gabah.

Mansan tandur rampung. men cepet lemu tanduran perlu pupuk. Pupuk jaman siki wis ora nganggo pupuk kandang maning, tapi nganggone pupuk sekang pabrik.

Masalaeh sing jenenge tuku pupuk ora segampang tuku udud, padahal sekang manfangate jelas akeh pupuk. Mbuh kenangapa nek agi di butuhna pupuk malah langka, regane ya dadi larang.

Akhir taun 2008 akeh banget tanggal abang, tanggal kejepite uga ora kalah akehe, mulane akeh perusahaan sing san nggawa mreikna karyawane.

Preian akhir taun siki di kawiti tanggal 25 desember 2008 tekan 5 januari 2009, jyan suwe banget mbok?

Hayuh sedulur mumpung preian pada tilik ndesa, pada sowan meng wong tuwa senajan udu badan.

Diceritakna nang salah sewijine nggon nang njakarta ana wong betawi sing nduwe anak ayu, pokoke ayune kaya munthu lah cara wong mbiyen ngole marabi. Anak wadone giye nembe lulus SMA, tapi senajan wong betawi deweke tetep arep ngelanjutna kuliah.

Wong tuwane wadon sing ayu giye agi mandan bingung, masalaeh nek arep di kuliahna nang njakarta marase mbok kegawa gaya pergaulan sing ora-ora. Sidane di putusna anak wadone sing ayu kon kuliah nang jogja, alasane kota jogja jere lewih aman nggo cah wadon ketimbang jakarta.

Tekan jogja anak wadone mau dititipna nang kos-kosan khusus mahasiswi. Mandan ayem siki perasaane wong tuwane, masalaeh nang kos-kosan peraturane ketat, dadi ora kewatir nek sampe anake kegawa pergaulan sing ora-ora.

Tapi nembe bae nem wulan nang jogja, Ibu kose ngabari aring wong tuwane wadon mau nek anake meteng karo wong sing ra jelas. Karuan bae wong tuwane wadon mau kesuh banget, deweke mencak-mencak aring ibu kose.
“Lah gimana sih anak aye kok bisa hamil gitu”
Ibu kose karo mandan wedi njawab meng wong betawi mau
“Nggih kulo mboten ngerti, setau saya Anak bapak kemana-mana dewek, belajar dewek, ke kampus dewek, tidur dewek, mandi juga dewek”
Wong betawine tambah kesuh, karo mencak-mencak ngomaih Ibu kose
“Pegimana kagak hamil, anak gwe belajar d(i)ewek, ke kampus d(i)ewek, tidur d(i)ewek, mandi d(i)ewek….”

Wis udu rahasia maning nek kebutuhan nang njakarta pada larang regane, ora papane, sandange, utawa pangane kabeh larang, ora ana sing gratis, wong nguyuh be mbayar andamaning mangan, sing gratis ketone mung ngentut thok. Andamaning basa rega lenga latung karo bengsin pada mundak, kabeh barang-barang pada melu mundak tur angel goletane.

Mundake rega-rega barang jebule ora mung nyusahaken wong sing arep tuku, tapi uga nyusahaken sing dodol, mergane nek barang dagangane larang sing tuku mung sethithik. Beda nek regane murah sing tuku akeh, bathine ya mendingan.

Jebule bakul-bakul kie ora bodho, deweke nduwe cara men bisa tetep adol dagangan sing regane murah. Salah siji carane ya guwe nganggo bahan baku sing ora asli, barang bekas, lan lia-liane. Hasile bakul-bakul bisa adol dagangan murah, tapi ya guwe mau, merga bahan bakune ora asli dadi kualitas barange kurang apik.

Contone bae bakul pecel, sing kudune bumbune di gawe sekang kacang brul malahan di ganti nganggo tepung roti, nek aku ngarani bumbu pecel imitasi. Nek di deleng sepintas tah iya rupane meh pada. Tapi sekang rasane jelas beda banget. Nganggo tepung roti jelas luwih hemat, mergane regane luwih murah.

Ora mung bakul pecel thok sing kaya guwe, bakul somay, sate lan batagor uga pada bae. Alasane jelas men bisa adol murah untunge nambah. Genah iya koh jaman susah kaya giye masalah rasa bisa dadi nomer loro, sing penting wareg.

Jyan apa ngganeh ndadak bali ndesa nek mung kepengin mangan pecel sing enak?

Bocah cilik ora kena disalahna

Bocah cilik ora kena disalahna

Sing jenenge bocah cilik guwe ora ana salaeh, senajan sering banget gawe tingkah sing nyebeli. Bocah cilik uga ora kena di salahna senajan ngelakukna tindakan sing bisa merugikan meng awake dewek utawane wong liya.

Malah, mbok sepira bae kesalahane bocah cilik ora ana tuntutan hukum. Nek ana bocah cilik ngelakokna tindakan sing ora bener biasane sing di salahna malah sing tuwa. Bisa-bisa dianggap wong tuwane ora bisa momong, ora bisa ndidik, utawa ora bisa nyukupi kebutuhane bocah.

Pada bae karobocah cilik, wong cilik utawa rakyat cilik nang masalah tertentu ora kena disalahna senajan ketone salah, kudune sing disalahna wong gede utawa pejabat sing ora nyukupi kebutuhane wong cilik. Contone urung lawas wingi pemda DKI ngetokna Peraturan Daerah Ketertiban Umum, sing isine nglarang wong-wong pada ngemis, ngamen lan tindakan-tindakan sing melanggar ketertiban. Nek di deleng sekilas, ketone Pemda DKI nyalahaken wong-wong cilik.

Padahal wong cilik ngalekukna penggean kaya guwe merga kepeped, ora bis ulih penggawean sing luwih apik.Kudune nek arep nyalahna guwe pemerintaeh sing ora bisa aweh kerjaan sing layak nggo rakyate. Misale rakyat cilik di wei kerjaan sing layak lan penhasilan cukup, aku yakin ora mawi nganggo peraturan daerah ketertiban umum, nang jakarta bisa bebas sekang pengamen, pengemis tukang parkir liar sing di anggap meresahkan.

Pas mbukak email nang inbox, ana kiriman sekang situs sosial networking sing isine ngajak gabung, jere gabung bisa nambah gaul, nambah kanca, lan akeh manfangat liane.

Bar guwe iseng-iseng tak bukak situse, wah lumayan ketone, beda karo situs social networking sing wis tau tak bukak. Sekang iseng-iseng terus dadi mandan kepengin ndaptar dadi anggota.

Terus tak sidakna ndaptar, form sing di perlukna tak isi. bar guwe ana email konfirmasi meng emailku, terus tak aktifna.

Nah siki masalaeh, basa proses registrasine rampung jebule sekang situs guwe ngirim email meng kabeh daftar kontak email ku. Mawi kabeh koh, sing nang yahoo, nang ym karo sing nang outlook mbarang. Sing repot sing nang outlook.

Huh gething temenan koh!

Bedul : ” Nek bar adus koe nganggo klambine gimin apa kathoke gimin?”

Peno : ” Ya kathoke gimin”

Bedul : ” Ya ora kena. domaih”

Peno : ” Klambine gimin ya kena lah”

Bedul : ” Ya padabae domaih”

Peno : ” Lah rika sih priwe, nganggo klambine gimin domaih, kathoke gimin domaih, sih kepriwe?”

Bedul : ” Men ra domaih nganggo klambi utawa kathoke dewek, nek nganggo ndeke gimin mengko ya domai nang bojone kang gimin”

peno : ” huuulaaahhh ……”

Wis lumrah nek bocah cilik senenge dolan karo dolanan. Ora mbiyen ora siki padabae. Mung bedane dolan lan dolanane bocah cilik siki wis serba instan, wis nganggo tekhnologi canggih nek jaman mbiyen serba alami, mawi gawe disit, jarang banget sing tuku.

Ingon-ingon ya beda, nek jaman siki bocah cilik ingon-ingone hape sing ngentek-ngentekna duit, nek jaman mbiyen paling ingon-ingone dara, manuk, apa jangkrik.

Nek dara biasane tuku, tapi nek jangkrik karo manuk mung gari nggolet nang gunung, karangan utawa nang sawah. Nek manuk sing di golet susueh, modele di thengi (diaku) sit, Sing weruh pertama statuse chin, nduwe hak anak manuk sing paling gede. Nomer loro statuse ron, kebagean ngunduh manuk, nek susueh nang wit sing duwur berarti kon menek. Nomer telu statuse lun, nomer papat pan lan seteruse.

Nomer telu mengisor kadang ya ra kebagean apa-apa. Istilah chin, ron, lun mbuh sekang ndi asale, ngerti-ngerti istilah guwe wis di enggo nang bocah-bocah cilik nang Bangsari, mbuh nek nang daerah-daerah liane enyong ra ngerti.

jangkrik sungon

Nek nggolet jangkrik biasane mangsan-mangsanan. Umume nang mangsan ketiga, utawa nang mangsan wong tani agi nandur palawija. Carane nggolet bisa awan bisa mbengi, nek nggolete mbengi jenenge obor jangkrik.

Ora awan ora wengi pada bae cara nggolete, yaguwe mbongkahi lemah, mung nek awan untung-untungan, soale ora mesti lemah sing di bongkah ana jangkrike. Nek wengi, sedurunge mbongkah lemah, jangkrike di incim gisit, sing diincim suarane, mengko nek wis genah sumber suarane nembe dibongkah lemaeh.

Jangkrik sing paling disenengi yaguwe jangkrik sungon. Nek kaya cliring, clekithet uga disenengi, mung esih kalah nek di bandingna karo jangkrik sungon. Jangkrik sing disengiti kaya gedubur karo gendawang, soale rupane medeni tur ngengkrike ora apik.

Ana salah siji sawah nang bangsari sing dienggoni jangkrik akeh banget. sawaeh nang kidul sier, mbuh ndeke kaki sapa enyong ra ngerti. Sebab jangkrike akeh banget mangkane samben ndina nggo jag-jagan bocah sing pada ngaraih jangkrik, ora isuk, ora awan ora sore. Padahal nang sawah guwe anan tandurane pare. Dadine tandurane pare rusak terus sing ndadekna wong sing duwe sawah kesuh.

Enyong pernah ketiban sial. Isuk-isuk agi nggolet jangkrik nang sawah guwe, denger-denger konangan nang sing nduwe sawah. Jalaran wis banget kesueh mbok, langsung bae wong guwe ngoyok sekabehane bocah sing agi pada nggolet jangkrik karo ngacung-ngacungna arit. Bocah-bocah termasuk enyong pada keweden, pada mlayu kocar-kacir ora nggenah. Wis ora ndelengna sawah sing lungkane amba-amba, sing penting slamet.

Duh pak nyuwun ngapurane nggeh, wong jenenge bocah ya ngertine seneng. Ayuh kang pada nggolet jangkrik, tapi aja ngerusak tandurane wong.

Halaman Berikutnya »