Nopember 9, 2007
Mak jedul, ijig-ijig enyong kepengin gawe blog sing duwe ciri khas, blog sing liya sekang blog-blog liyane, kebeneran enyong uga kepengin gawe media sing cerita masalah masalah sing edek karo uripku, uripe wong jawa sing nek ngomong medok utawa jawa koek. Ya sisan nggawe aku gawe blog giye, blog sing tak jenengi “jakober”, jakober dewek singkatan sekang jawa koek bersaudara. Dadi nek rika ngerasa ngomong jawane medok, ya monggo pada bareng-bareng mbangun media giye, men tambah rame, tambah manfangati karo sapa bae.
Moga-moga blog giye manfangati karo rika kabeh, khususe men bisa kaya jenenge, ya guwe ndadekna wong-wong jawa khususe jawa koek dadi tambah sedulurane, tambah rukune, tambah rukete, lan tambah wawasane (wawasan sih cara jawa medoke apa yah kang/yu?).
Masalah sing ditulis mengkone ya apa baelah sing enyong bisa nulis. Sukur-sukur rika gelem melu ngisi blog giye.
Nopember 12, 2007 at 10:29 am
ngelembo lah….
Nopember 15, 2007 at 6:59 am
aku miki wis ninggalna pesen tp kayane ora mlebu ya tk balenin maning ya kang… jawa koek siki nang ndi ndi ana ra kalah hebat ang internet be ana heheeee
Nopember 17, 2007 at 1:29 am
selamat mulai menulis … wah bakalane gayeng
Nopember 22, 2007 at 2:48 am
mas iku ono bolo mu kae.
http://cewekndeso.blogspot.com
http://bangsari.blogspot.com
http://ndobos.com
wis kana kenalan woke
Nopember 22, 2007 at 10:59 am
mampir yaa.
*mumggu postingan*
Nopember 26, 2007 at 6:52 am
Kiye aku be agi golet blog sing jawa koek jebul nemu nang kene. ya wis di terusna bae nulise
Nopember 28, 2007 at 7:41 am
inyong melu lah kang…
akhire nemu juga komunitas nggo wong sing basane koek koek…
hehehehehehe…
Nopember 28, 2007 at 11:13 am
huekekek..
toP..
smakin maju..
Nopember 28, 2007 at 1:13 pm
bahasa antik memamng perlu dilestarikan
Nopember 29, 2007 at 3:40 am
setuju karo nothing, jgn sampe ntar di samber sama malingsia
Nopember 29, 2007 at 12:27 pm
melu tilik kang…..salam tepang
Nopember 29, 2007 at 4:16 pm
inyonge ya melu absen …hadirrrrrrrrrr
Nopember 29, 2007 at 4:20 pm
melu uga….absen..hadirrrrr
Desember 3, 2007 at 2:46 am
assalamu’alaykum.kang melu absen ya…artikele sing lewih anget lah…men bisa go diskusian kaya kuwe.nyong maca blog kiye diwei ngerti kancane sing nang njakarta, cah bangsari, nyonge siki nang bogor.nyong melu seneng nek ana forum kaya kiye….kan dadi nambah sedulur.
Desember 18, 2007 at 11:33 am
kurang sreg nek ora absen.
Absen sekang Bumiayu