Nopember 30, 2007
Owalah …cempuleke wong-wong banyumasan sing pada rajin nulis nang internet wis akeh ya. Jan enyong ngerasa seneng banget pokoke. Giye mertandakna nek wong-wong banyumas giye wonge maju-maju, maju kawerueh, maju budayane, maju cara mikire. Pokoke salah besar nek esih ana wong ngira wong utawa budaya banyumasan guwe pinggiran, apa maning nek ngarani mung kroco pilek.
Tapi enyong be mandan kawatir luh, aja-aja budayane dewek sing apik lan maju giye diaku-aku nang wong lia sing adoh umaeh sekang banyumas, ya kaelah sapa maning nek udu malingsia (waca=malaysia). Mulane aku ya setuju karo anggota milis banyumasan sing ngusulaken gawe Kartu Tanda Milis Banyumasan. Senajan giye kartu tanda milis, tapi kadangan nek bloger banyumasan utawa bloger jawa koek melu-melu ya kadangan tambah apik luh. Lah mengko nek ana acara kopi darat mung gari di gawa. Kira-kira keprimen kang/Yu?.
Giye gambar kertune
gambar sisih ngarep
gambar sisih mburi


Desember 5, 2007 at 10:40 am
Kena nggo ngutang nang warung ora kuwe kang KTPne?
Desember 7, 2007 at 12:35 am
kena nggo mbayar karcise purwojaya, mbokan yaa?
Desember 10, 2007 at 3:24 am
wah apik kayane kuwe kang. inyong sih setuju bae, tapi ana manpangaat liyane ra slain nggo kopdaran kang?
Desember 14, 2007 at 2:44 am
katepe keren …
Desember 18, 2007 at 11:29 am
gawekna KTPku gyan,
mbayar pira ya nggawe kaya kuwe
Februari 5, 2008 at 7:55 am
Apik banget kuwe kang….tapi ndaftare maring pak RT , Pak lurah, camat ngendi kang ????
Februari 15, 2008 at 7:48 am
Nuwun sew kang OOT.
Mbok ana kanca-kanca Tlacapan tulung sebarluaskan kiye ya kang…
http://rawins.multiply.com/journal/item/154
Maturnuwun…