Aku wingi bar bali meng ndesa, giye malah nembe tekan mambengi, jan jane ya esih ngantuk wong mambengi nang sepur ora kebagian tempat duduk alias berdiri dadi susah turu. Senajana kaya guwe aku tetep mangkat kerja, wong mbok domaih nek ora mangkat. Sekang ndesa jajane saleh gedang karo pelem, tapi wis entek kadangan luh wong nggawane ora akeh sih.
Jebule nang jakarta sing seneng saleh gedang akeh luh. Buktine saleh sing tak gawa nang tempat kerjaku langsung entong, padahal aku nggole nggawa ana sejinah. tapi ketone sing masarna saleh nang jakarta esih langka, padahal giye peluang apik luh kanggo wong sing arep usaha, san nggawe ngenalna panganan tradisional ndesa. Tapi ya guwe, sing jengenge usaha rintisan nek ora kesel ya ora minthel.
Pas aku nang ndesa agi mangsan tandur, siki mangsan tandure jere wong tuwa mundur karo taun-taun sedurunge, nek jaman ndisit masan tandur mbarengi karo mangsan pelem pada kembang tapi siki peleme wis pada panen nembe pada mulaih tandur. Tak takoni sebabe bisa mundur nangapa malah ora ngerti. Apa ngganeh giye akibat sing jere wong2 pinter di arani global warming? nek iya ya melasi wong ndesa lah, lah wong ora melu-melu malah kenang getaeh. Wong ndesa mbok ora melu-melu ngerusak lapisan ozon, lah wong umaeh esih nganggo dabag udu kaca, paling nek liwet thok mandan ngebul kukuse, be sedine paling akeh ping pindo.
Mangsan tandur siki uga ora pada karo jamane aku esih cokan dolanan blodor karo poncos, siki nggolet wong sing gelem embret tandur angele oraetung. siki wong nom-nomane ora pada gelem embret tandur karo ndaut, sing esih gelem paling wong-wong tua thok, sing wis ra perlu kemayu karo gemantheng, nek wong nom ya mbok wedi ireng karo kotor. Padahal pengenomane akeh sing nganggur, nganggur tapi mulya, buktine gawanane ya hp, mbuh guwe duit sekang ndi.
Mulane siki upah buruh nang sawah dadi mandan larang. embret macul utawa ndaut sedina Rp 20.000,- tapi ora madang, nek madang sedina dibayar Rp 18.000,-. Nek sing tandur dibayar Rp 16.000,- diwei kojong, Nek ora diwei kojong sedina Rp 18.000,-. Emes-e ya melu-melu mundak, urea sekandi isi 50 kilo wis Rp 70.000,- nek TS luwih larang maning, sekandhi isi 50 kilo regane Rp 125.000,-. Padahal nek seprapat bau seora-orane enthok emes sekandhi.
urung sing nggo mbayar tlaktor, nggo ngupaih sing matun esih perlu duit maning. Nek di itung-itung wong tani mbuh bathi mbuh rugi luh.
gambare sekang kene

Desember 26, 2007 at 10:33 am
apa iya kang? apa rika bis ndaut lah? masa iya wong jakarta bisa ndaut?
btw, ngesuk rika kudu melu luh. nek ora tak omongna wong sitinggil luh…
Desember 26, 2007 at 1:41 pm
wis suwe ora tilik sawah….
-sering macul tapi sejen panggon-
Desember 27, 2007 at 1:59 am
@ bangsari : aku nang ramane ora dikon meng sawah dadi ya ora melu ndaut
@ pacul : sih maculi apa kang?
Desember 27, 2007 at 9:12 am
dulu sih waktu kecil dikampung pst maen lumpur negitu, semua jd kenangan
Januari 2, 2008 at 2:25 am
Njenengan baen sing masarna saleh kuwe. Sapa ngerti untunge gedhe..
Januari 25, 2008 at 7:18 am
Iya..duit sekang endi ya pada nggawani HP…HP ne canggih maning kadang isine sing ora-ora
Apa kuwe bae kang cah enom-enoman kuwe kon dadi bakul sale nang jakarta, Kakange sing modali
nyong pas SMA be dodol sale sekang sidareja tek lebokna Rita department store Purwokerto koh
Agustus 18, 2009 at 4:07 pm
Sale panggang apa goreng kang?
Agustus 21, 2009 at 4:16 am
sale goreng, nek sale panggang urung patia terkenal kadangan luh