Kaya giye mbok yah rasane dadi wong sugih, jyan kepenak pisan koh. Awan-awan ngerungokna gendhing banyumasan karo nginum kopi, srupuuutt…hmmm mantabb
Ceritane aku wingi bar mbukak database-e milis banyumasan, terus nang kono nemu file mp3 lagu-lagu banyumasan. Lagu sing faforit nek menurutku sing kae lah sing tentang baturaden.
“Senajana ana nang pegunungan…..
(teruse ora ngerti)
baturaden baturaden
ati susah bisa dadi bungah
ati susah dadi bungah”
Kaya guwe lah syaire, tapi aku ora apal kabeh. Mbok ana sing ngerti syaire ngenehlah aku njaluk.
Basa kerungu lagune dadi kemutan jaman SMA mbiyen. Pas kelas telu aku kos nang sanding sekolahan. Sing nduwe umah wonge wis tuwa, saben ndina unin-unine nek ora wayang ya banyumasan utawa peang-penjol. Duh, dadi kemutan nganah-nganah ya, kang Ihaq, kang Eko Cahyono, Kanca-kanca SMU Negeri Sidareja, hmmm…
“kerjaa!!!!! ngeblog mulu….”
gubraaaakkk…
“oh iya pak, gak ini cuma iseng-iseng eh cuma baca eh cuma bla bla bla”
Februari 16, 2008 at 3:24 am
peang penjol…. jarene iku lucu yo?
Februari 16, 2008 at 4:24 am
kirimna MP3 banyumasan donk… dalam bentuk CD mas nek bisa… wis suwe ra mbalik banyumas.. kangen!!
salam hangat dari ternate!
Februari 19, 2008 at 9:01 am
Iya genah….wis tua mah gari kemutan sing disit2 bae…nyong juga alumni kunci angkatan 90/91…siki batire pada nang endi seh yaa…babar blas aku ora prnh ketemu karo batir2 sekolah..mbok gawe kumpulan sing bisa ngraket aken sedulur2 ndeso gitu yuuuukkk…
Februari 19, 2008 at 9:03 am
sory nyong kelalen…nek batir2 arep ngobrol ya monggo kirim email maring nyong ya…alamte: ragil_01@yahoo.com
Februari 29, 2008 at 8:29 am
iya pancen kang..lagu-lagu banyumasan lucu-lucu banget.
leyeh-leyeh? anu wis dadi juragan apa kang?
Maret 8, 2008 at 12:23 pm
weh..wis makmur critane kuwe apa?
Oktober 22, 2008 at 6:30 pm
Mbien aku pernah kerungu, kaset lawake peang penjol. ceritane pasal uwong tuwa karo anake wedon, jenenge siti nonton dokati mati, ngadol ayam nang pasar, jadi jengkel, pasale ayame diarani di lumah jadi banyak.
Sapa2 seng ndue kaset iku, aku njalok la angger iso kirimne mp3 ne la. nek akon mbayar yo ngomong wae la piro.
Juni 28, 2009 at 4:41 pm
mbokan ana sing duwe mp3 peang pejol aku jaluk kirimna baen nang email ku elon_elon2001@yahoo.com.jan kangen pisan tapi aku golet kasete ra tau nemu jaman siki apa esih ana sing adol pora
Juli 6, 2009 at 6:53 am
nang milis banyumas ana kang, gabung bae