
Bocah cilik ora kena disalahna
Sing jenenge bocah cilik guwe ora ana salaeh, senajan sering banget gawe tingkah sing nyebeli. Bocah cilik uga ora kena di salahna senajan ngelakukna tindakan sing bisa merugikan meng awake dewek utawane wong liya.
Malah, mbok sepira bae kesalahane bocah cilik ora ana tuntutan hukum. Nek ana bocah cilik ngelakokna tindakan sing ora bener biasane sing di salahna malah sing tuwa. Bisa-bisa dianggap wong tuwane ora bisa momong, ora bisa ndidik, utawa ora bisa nyukupi kebutuhane bocah.
Pada bae karobocah cilik, wong cilik utawa rakyat cilik nang masalah tertentu ora kena disalahna senajan ketone salah, kudune sing disalahna wong gede utawa pejabat sing ora nyukupi kebutuhane wong cilik. Contone urung lawas wingi pemda DKI ngetokna Peraturan Daerah Ketertiban Umum, sing isine nglarang wong-wong pada ngemis, ngamen lan tindakan-tindakan sing melanggar ketertiban. Nek di deleng sekilas, ketone Pemda DKI nyalahaken wong-wong cilik.
Padahal wong cilik ngalekukna penggean kaya guwe merga kepeped, ora bis ulih penggawean sing luwih apik.Kudune nek arep nyalahna guwe pemerintaeh sing ora bisa aweh kerjaan sing layak nggo rakyate. Misale rakyat cilik di wei kerjaan sing layak lan penhasilan cukup, aku yakin ora mawi nganggo peraturan daerah ketertiban umum, nang jakarta bisa bebas sekang pengamen, pengemis tukang parkir liar sing di anggap meresahkan.
Juli 11, 2008 at 6:00 am
jakarta ora ono lumbu kobis bun….
Juli 11, 2008 at 10:49 am
kw: jyan…dadi kepengin jangan lumbu kiyelah….campuri urang jyan nylekamin pisan koh….ya ora kang ibun?
Februari 23, 2009 at 6:54 am
deneng dadi jangan lumbu sihh?ngiler2 kiye..
apa emang ana hubungane bocah cilik karo lumbu kobis?hehe