Wis udu rahasia maning nek kebutuhan nang njakarta pada larang regane, ora papane, sandange, utawa pangane kabeh larang, ora ana sing gratis, wong nguyuh be mbayar andamaning mangan, sing gratis ketone mung ngentut thok. Andamaning basa rega lenga latung karo bengsin pada mundak, kabeh barang-barang pada melu mundak tur angel goletane.

Mundake rega-rega barang jebule ora mung nyusahaken wong sing arep tuku, tapi uga nyusahaken sing dodol, mergane nek barang dagangane larang sing tuku mung sethithik. Beda nek regane murah sing tuku akeh, bathine ya mendingan.

Jebule bakul-bakul kie ora bodho, deweke nduwe cara men bisa tetep adol dagangan sing regane murah. Salah siji carane ya guwe nganggo bahan baku sing ora asli, barang bekas, lan lia-liane. Hasile bakul-bakul bisa adol dagangan murah, tapi ya guwe mau, merga bahan bakune ora asli dadi kualitas barange kurang apik.

Contone bae bakul pecel, sing kudune bumbune di gawe sekang kacang brul malahan di ganti nganggo tepung roti, nek aku ngarani bumbu pecel imitasi. Nek di deleng sepintas tah iya rupane meh pada. Tapi sekang rasane jelas beda banget. Nganggo tepung roti jelas luwih hemat, mergane regane luwih murah.

Ora mung bakul pecel thok sing kaya guwe, bakul somay, sate lan batagor uga pada bae. Alasane jelas men bisa adol murah untunge nambah. Genah iya koh jaman susah kaya giye masalah rasa bisa dadi nomer loro, sing penting wareg.

Jyan apa ngganeh ndadak bali ndesa nek mung kepengin mangan pecel sing enak?