Diceritakna nang salah sewijine nggon nang njakarta ana wong betawi sing nduwe anak ayu, pokoke ayune kaya munthu lah cara wong mbiyen ngole marabi. Anak wadone giye nembe lulus SMA, tapi senajan wong betawi deweke tetep arep ngelanjutna kuliah.
Wong tuwane wadon sing ayu giye agi mandan bingung, masalaeh nek arep di kuliahna nang njakarta marase mbok kegawa gaya pergaulan sing ora-ora. Sidane di putusna anak wadone sing ayu kon kuliah nang jogja, alasane kota jogja jere lewih aman nggo cah wadon ketimbang jakarta.
Tekan jogja anak wadone mau dititipna nang kos-kosan khusus mahasiswi. Mandan ayem siki perasaane wong tuwane, masalaeh nang kos-kosan peraturane ketat, dadi ora kewatir nek sampe anake kegawa pergaulan sing ora-ora.
Tapi nembe bae nem wulan nang jogja, Ibu kose ngabari aring wong tuwane wadon mau nek anake meteng karo wong sing ra jelas. Karuan bae wong tuwane wadon mau kesuh banget, deweke mencak-mencak aring ibu kose.
“Lah gimana sih anak aye kok bisa hamil gitu”
Ibu kose karo mandan wedi njawab meng wong betawi mau
“Nggih kulo mboten ngerti, setau saya Anak bapak kemana-mana dewek, belajar dewek, ke kampus dewek, tidur dewek, mandi juga dewek”
Wong betawine tambah kesuh, karo mencak-mencak ngomaih Ibu kose
“Pegimana kagak hamil, anak gwe belajar d(i)ewek, ke kampus d(i)ewek, tidur d(i)ewek, mandi d(i)ewek….”
Juli 30, 2008 at 1:22 pm
hi..hi..
Juli 31, 2008 at 9:55 am
wuah basane mesti sensitif ki!
September 9, 2008 at 2:11 am
apa iya kang?
November 27, 2008 at 3:55 pm
Wah, iya pancen mbekayu. Aku wis ngalami kuliah nang Jogja. Wes jan, bejat tenan cuy! Wis dudu kota pelajar maneh. Kuliahe ra tau mangkat. Isine mung pacaran karo dadi produser cilik2an. Syutinge bae mung nganggo hape. Wes..wess… Remuk wis Jogja!
Desember 1, 2008 at 3:04 am
Ha,,ha,,ha,,ha,,,lucu banget kiyeh. Salam kenal ya Kang.
Februari 5, 2009 at 3:18 am
ya.. ya… ya .. lucu yakena lah, mbok ngajog tulisane ora diguyu sii….