
awas! mbok di cokot jaran
Sengertiku, jaran guwe termasuk kewan bangsa herbivora, tegese kewan sing mangane wit-witan. Apa ana sing tumon ana jaran mangan wong? kadangan urung tau luh.
Tapi beda nek nang bangsari, kadangan ana sing wis tau kecokot jaran, nyatane jamane aku tesih cilik sering diweden-wedeni jarene nek di sepiti larane kaya di cokot jaran.
Basa wis ngrasakna di sepiti kayanu mandan yakin luh, soale jyan bener-bener lara. Andamaning nek di sepiti nang mbah dukun sepit, ora di bius babar blas.
Alhamdulillaeh (Alhamdulillah-e) siki sepite wis mari, wis ora ngarasakna maning larane.
Bersakit-sakit dahulu
Bersenang kemudian
Sepitlah dahulu
Enaknya kemudian
Rika wis disepiti urung kang? nek urung ya ora ulih di enggo seneng-seneng gisit.
Februari 24, 2009 at 4:18 am
jarane isih duwe untu apa ora kuwe?
Februari 26, 2009 at 5:36 am
njajal nglokok kiye
Maret 2, 2009 at 8:35 am
lah, wes ra joko …
Maret 14, 2009 at 7:50 am
Aku mandan ora percaya lho nek rika wis sepit.. ati-ati..bae calon penganten wedone..kudu niliki disit
Juni 26, 2009 at 9:51 pm
hahahahaa… maen kuwe kang.. inyong ben kaya kuwe gemiyen … jere ngger disepiti kaya dicokot semut…..
Oktober 26, 2009 at 12:41 pm
gak isa komentar kang, setuju komentare kang Imam handoko