Nduwe tanduran lombok nang musim udan kadangan meh pada karo duwe bayi cilik, angel rumatane tapi gede pengarepane. Wis dadi wateke wit lombok sing ora seneng kakehan banyu, mulane nek keseringen kenang udan godong lombok pada kriting, wite kuntheten, pentile ambrol baen.
Taun siki wis pirang-pirang wulan udane dur-duran. Ora mukur lombok, palawija apa baen pada angel rumatane. Mulane memper baen siki rega janganan lan bumbu-bumbu pada mundak. Malah lombok abang sekilone tekan satus ewu.
Ya karuan bungah ya sing duwe panenan lombok akeh. bisa golet tunggangan anyar pokoke lah
sing jelas pedes …
pada karo lambeku (jere wong sing tau lara ngati gara2 lambeku..)
ekekeke
nek guwe tak mbuh jul, lah wong aku urung tau ngerasakna lambemu je.
*nah lo
tunggangan anyar maksude bojo apa kang…he..he..
jaka sembung kepengkok
pancen rika nyambung tur cocok
hahahaha, aja ngomong2 wong mburi kang
tapi nang malaysia harga pada murah-murah, jerene sih ana kontrol dari kementrian. Pengalamanku dadi kuli bajigur (bawa jinjing gusur) nang cargo pengiriman barang ke Indonesia akeh sing wong pada ngirimna bumbu2.
dadi larang genah mergane ana bencana merapi koh.
kayane kudu nandur nang pot bae apa yah
http://maskurmambangblog.wordpress.com/2011/02/05/antara-cabe-dan-gelombang-cinta/
Owalah tunggangan anyar ujarku bangsane motor kaya kuwe. Lah jebule malah motor sing bisa merem melek. Wkwkwkwk