Pacitan nang Dina Badan

Siki wis tanggal 18 wulan puasa, berarti ora suwe maning badan. Badan, dina sing paling dienteni nang wong Islam, khususe bocah-bocah cilik. Nang dina badan bocah-bocah pada ditukokna klambi anyar, nang dina badan akeh wong mbagi-bagikna sangu, nang dina badan pirang pacitan.

Ana sing khas nang desaku nek badan, pacitan. Badan ora ana pacitan udu badan jenenge. Nek wis tanggal likuran, kaum Ibu pada sibuk gaweni pacitan sing umume digawe sekang beras ketan. Sekang beras ketan bisa digawe rup-rupa panganan, ana satu, thuring, sagon, jipang, kriyik lan lia-liane.

Jaman siki wis pirang-pirang panganan sing di dol nang toko, rasa lan rupane werna-werna, nanging akehe panganan anyar tetep ora ngilangna panganan khas sing nang bangsari.

Jebule, panganan tradisional mau sing mangan udu para tamu, nanging sing duwe umah dewek, jalaran para tamu sing teka luwih milih panganan sing anyar-anyar utawa panganan sing sekang kota.

Badan taun siki dadi badan pertama aku disebut bapak, badan pertama ora bali nang bangsari.

Sugeng Riyadi kanggo sedulur kabeh, mboten namung ngaturaken sedanten kelepatan nyuwun pangapunten.

2 thoughts on “Pacitan nang Dina Badan

    • selamat kang, sampean olih pertamax.

      esih embret nang njakarta, tapi sidane bali kampung. wingi rencanane ora bali merga anake esih cilih, tapi gusti pengeran nduwe rencana lia, anaku ‘bali’ lewih cepet.

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s