Uncategorized


Wis lumrah nek bocah cilik senenge dolan karo dolanan. Ora mbiyen ora siki padabae. Mung bedane dolan lan dolanane bocah cilik siki wis serba instan, wis nganggo tekhnologi canggih nek jaman mbiyen serba alami, mawi gawe disit, jarang banget sing tuku.

Ingon-ingon ya beda, nek jaman siki bocah cilik ingon-ingone hape sing ngentek-ngentekna duit, nek jaman mbiyen paling ingon-ingone dara, manuk, apa jangkrik.

Nek dara biasane tuku, tapi nek jangkrik karo manuk mung gari nggolet nang gunung, karangan utawa nang sawah. Nek manuk sing di golet susueh, modele di thengi (diaku) sit, Sing weruh pertama statuse chin, nduwe hak anak manuk sing paling gede. Nomer loro statuse ron, kebagean ngunduh manuk, nek susueh nang wit sing duwur berarti kon menek. Nomer telu statuse lun, nomer papat pan lan seteruse.

Nomer telu mengisor kadang ya ra kebagean apa-apa. Istilah chin, ron, lun mbuh sekang ndi asale, ngerti-ngerti istilah guwe wis di enggo nang bocah-bocah cilik nang Bangsari, mbuh nek nang daerah-daerah liane enyong ra ngerti.

jangkrik sungon

Nek nggolet jangkrik biasane mangsan-mangsanan. Umume nang mangsan ketiga, utawa nang mangsan wong tani agi nandur palawija. Carane nggolet bisa awan bisa mbengi, nek nggolete mbengi jenenge obor jangkrik.

Ora awan ora wengi pada bae cara nggolete, yaguwe mbongkahi lemah, mung nek awan untung-untungan, soale ora mesti lemah sing di bongkah ana jangkrike. Nek wengi, sedurunge mbongkah lemah, jangkrike di incim gisit, sing diincim suarane, mengko nek wis genah sumber suarane nembe dibongkah lemaeh.

Jangkrik sing paling disenengi yaguwe jangkrik sungon. Nek kaya cliring, clekithet uga disenengi, mung esih kalah nek di bandingna karo jangkrik sungon. Jangkrik sing disengiti kaya gedubur karo gendawang, soale rupane medeni tur ngengkrike ora apik.

Ana salah siji sawah nang bangsari sing dienggoni jangkrik akeh banget. sawaeh nang kidul sier, mbuh ndeke kaki sapa enyong ra ngerti. Sebab jangkrike akeh banget mangkane samben ndina nggo jag-jagan bocah sing pada ngaraih jangkrik, ora isuk, ora awan ora sore. Padahal nang sawah guwe anan tandurane pare. Dadine tandurane pare rusak terus sing ndadekna wong sing duwe sawah kesuh.

Enyong pernah ketiban sial. Isuk-isuk agi nggolet jangkrik nang sawah guwe, denger-denger konangan nang sing nduwe sawah. Jalaran wis banget kesueh mbok, langsung bae wong guwe ngoyok sekabehane bocah sing agi pada nggolet jangkrik karo ngacung-ngacungna arit. Bocah-bocah termasuk enyong pada keweden, pada mlayu kocar-kacir ora nggenah. Wis ora ndelengna sawah sing lungkane amba-amba, sing penting slamet.

Duh pak nyuwun ngapurane nggeh, wong jenenge bocah ya ngertine seneng. Ayuh kang pada nggolet jangkrik, tapi aja ngerusak tandurane wong.

Wis 2 wulanan kie aku rung bali meng bangsari, padahal wis kangen karo rama biyunge, wis kangen karo keluarga nang bangsari.

Kebeneran awal bulan mei ana hari libur, posisine nang dina kemis maning, ketone koh enak temen ya nggo bali meng ndesa. Dina jemuah wong kadar harpitnas tulih mbolos ora papa mbok.

Tapi jyan ndilalah kerjaan ya ana bae sing kudu enggal-enggal dirampungna, ya wis sidane ra sida bali, padahal wis koar-koar karo kanca-kancane je, maune arep rencana ngumpul-ngumpul, ndopak-ndopok dadi ra sida, ya wis lah kapan-kapan maning lah, kadar tanggal 20an wulan kie kan ana preian maning, posisine padabae maning dina selasa, dadi senene bisa dianggap harpitnas.

Moga-moga ora ngalami nasib serupa kaya rencana bali siki.

Anu agi langka bahan sing arep ditulis, dadi mandan jarang ngeblog. Ketambahan maning gawean agi pirang-pirang, tapi sing paling sering dilakoni ya ceting.
Terus nang kampus agi musim ujian. Jyan kuliah koh dela-dela ujian. Ngesuklah nek pikirane agi mandan nyante ngeblog maning

santai booosssKaya giye mbok yah rasane dadi wong sugih, jyan kepenak pisan koh. Awan-awan ngerungokna gendhing banyumasan karo nginum kopi, srupuuutt…hmmm mantabb (more…)

bezir-bhutto.jpgMau isuk pertama mbuka detik.com aku mandan kaget sekaligus bersedih. Isi berita didominasi karo berita tentang kematian tokoh politik negara pakistan sing jenenge benazir bhutto, mawi matine sebab perkara sing menurutku ora lumrah. Bhuto mati merga dipateni nang wong sing urung jelas identitase. Nek ora kenang bom ya merga ditembak. (more…)

Aku wingi bar bali meng ndesa, giye malah nembe tekan mambengi, jan jane ya esih ngantuk wong mambengi nang sepur ora kebagian tempat duduk alias berdiri dadi susah turu. Senajana kaya guwe aku tetep mangkat kerja, wong mbok domaih nek ora mangkat. Sekang ndesa jajane saleh gedang karo pelem, tapi wis entek kadangan luh wong nggawane ora akeh sih. (more…)

Owalah …cempuleke wong-wong banyumasan sing pada rajin nulis nang internet wis akeh ya. Jan enyong ngerasa seneng banget pokoke. Giye mertandakna nek wong-wong banyumas giye wonge maju-maju, maju kawerueh, maju budayane, maju cara mikire. Pokoke salah besar nek esih ana wong ngira wong utawa budaya banyumasan guwe pinggiran, apa maning nek ngarani mung kroco pilek. (more…)

Nek wong-wong ngarani sepur egreg, utawa sepur kruthuk, jan jane jeneng resmi sekang PT KAI yaguwe Kereta Api Campuran. Dijenengi sepur kruthuk utawa egreg sebab nek mlaku sepure brisik banget, nggole obah kenceng banget, kaya ana lindu 7 skala richter, suarane egrag-egrek, kruthak-kruthuk. Nek basa resmine diarani Kereta Api Campuran sebab sepure ana gerbong sing nggo penumpang lan gerbong sing nggo barang. Biasane gerbong sing nggo penumpang ana loro nang sebelah ngarep/mburi ndas sepur. Gerbong sing nggo barang nang paling mburi, jumlaeh biasane luwih akeh ketimbang gerbong sing nggo penumpang. (more…)

Mak jedul, ijig-ijig enyong kepengin gawe blog sing duwe ciri khas, blog sing liya sekang blog-blog liyane, kebeneran enyong uga kepengin gawe media sing cerita masalah masalah sing edek karo uripku, uripe wong jawa sing nek ngomong medok utawa jawa koek. Ya sisan nggawe aku gawe blog giye, blog sing tak jenengi “jakober”, jakober dewek singkatan sekang jawa koek bersaudara. Dadi nek rika ngerasa ngomong jawane medok, ya monggo pada bareng-bareng mbangun media giye, men tambah rame, tambah manfangati karo sapa bae. (more…)