Sepur Egreg Banjar-Kroya, Elek-Elek tapi Ngangeni

Nek wong-wong ngarani sepur egreg, utawa sepur kruthuk, jan jane jeneng resmi sekang PT KAI yaguwe Kereta Api Campuran. Dijenengi sepur kruthuk utawa egreg sebab nek mlaku sepure brisik banget, nggole obah kenceng banget, kaya ana lindu 7 skala richter, suarane egrag-egrek, kruthak-kruthuk. Nek basa resmine diarani Kereta Api Campuran sebab sepure ana gerbong sing nggo penumpang lan gerbong sing nggo barang. Biasane gerbong sing nggo penumpang ana loro nang sebelah ngarep/mburi ndas sepur. Gerbong sing nggo barang nang paling mburi, jumlaeh biasane luwih akeh ketimbang gerbong sing nggo penumpang.

06kereta.gif

Sepur egreg ngelayani penumpang sekang stasiun banjar nang ciamis jawa barat gutul kroya nang cilacap jawa tengah lan sewalike. Setasiun-setasiun sing dilewati yaguwe banjar – rancakole – langen – cikawung – meluwung(mlewong) – cilongkrang – cipari – sidareja – gandrungmangu – sitinggil – kawunganten – kubangkangkung – jeruklegi – lebeng – kesugian – maos – sikampuh – kroya.

Sedinane ana rong sepur sing jalan. Siji mangkat kang kroya jam pitu isuk, gutul banjar jam rolas awan, terus jam siji balek maning meng kroya. Sing siji maning mangkat kang banjar jam pitu isuk, gutul kroya jam rolas awan terus balek maning meng banjar. Senajana kaya guwe sing nunggang ya akeh bae, malah nang permasi/gerbong penumpang sampe umpel-umpelan.

Sepur egrek klebune kelas ekonomi, malah sengisore maning (berarti kelas apa ya?) mulane sepure kalahan, maksude ya nek ana sepur gede (istilah nggo sepur ekonomi jarak adoh lan sepur-sepur kelas bisnis meng nduwur) mesti kon nunggu gisit. Sepure elek, semrawut, kotor. Nang jumblenge boro2 ana banyune. Jegongane be nganggo dingklik dawa, nek nang gerbong barang malah pada nglekor, sebab ora ana jegongane sih. Nek sing kang banjar biasane sing nunggang bakul-bakul kerupuk, nek kang kroya biasane sing nunggang bakul-bakul janganan.

Tapi sayange siki sepur egreg wis ora dijalakna maning nang PT KAI. Krungu-krungu sih alesane jerene ora ana untunge. Bisane ora untung sebab sing pada numpak ra pada tuku karcis, senenge langsung pada mbayar aring kondekture. Padahal jerene kan PT KAI salah siji perusahaan pemerentah sing ora ndinginaken untung utawa Perusahaan Jawatan.

Siki basa ora ana sepur egreg transportasi meng daerah pinggir wetan ciamis mandan engel, nek kepengin dolan meng cikawung be rasane dadi adoh. Nek arep nganggo mobil ndadak muter-muter. Sing paling melasi ya bakul janganan karo bakul kerupuk. Biasane nek tus belanja janganan nang kroya pada digawani nganggo sepur egreg. Gari diglethakna nang gerbong terus mbayar sewu rongewu wis beres. Tapi siki kudu karo mobil sing tentune mbayare luwih larang. Bakul kerupuk ya kaya guwe.

Aku jan jane mandan gumun karo pemerentaeh, khususe ya PT KAI, jan jane karepe kepriwe koh bisa-bisane kendaraan massal sing wis genah manfangati nggo masyarakat koh malah ora dijalakna maning?

gambare dijimot sekang kene

53 thoughts on “Sepur Egreg Banjar-Kroya, Elek-Elek tapi Ngangeni

  1. Dijenengi sepur kruthuk utawa egreg sebab nek mlaku sepure brisik banget, nggole obah kenceng banget, kaya ana lindu 7 skala richter, suarane egrag-egrek, kruthak-kruthuk.

    kuwe pancen bener kang.

    Nek basa resmine diarani Kereta Api Campuran sebab sepure ana gerbong sing nggo penumpang lan gerbong sing nggo barang.

    kiye mandan kurang bener. sing lewih bener ya kuwe, sebab penumpange ora mung wong thok. ya ana bebek, enthog utawa wedus. pokoke sip lah…

    Sepur egrek klebune kelas ekonomi, malah sengisore maning (berarti kelas apa ya?)

    jenenge sepur kelas kambing… 😀

  2. #1. ya bener setuju pokoke lah
    #2. langganan sih ya ora, mung sering nunggang (beda ora ya?)
    #3. seplok taun 2002an wis ora dijalakna maning
    #4. tapi sing numpak pada bisa turu bae ya ..

  3. hahahaaaaa lik setuju lah nyonge nek dianakna kartu milis kusus banyumasan bene mandan gaul tapi tetep asik lan asli banyumas.
    sing umaeh neng pinggir rel sepur jan anu marem temenan nek goncangane sepur nganti ora bisa mbedakna lindu karo sepur liwat

  4. Gambare ora asli sepur sing liwat metuk jalur sing disebutna.

    nangis mbayangna uripe wong cilik, mbayangna semangate bocah sing usul wedus nggo sekolah, mbayangna bocah cilacap sing lagi ngarit nang blangkonlinux.or.id (gambar arit karo kandine dipotong)………….lha Kang, rika maraih enyong nangis mrebes mili

  5. Rika lah marekna aku nlangsa kelangan sepur kesayangan. Kelingan jaman mbiyem nek wulan puasa. Isuk-isuk melu tekan kroya, ko mbalek maning. Tekan ngumah wis rep gari ngenteni buka.
    Ohiya kang, bloge rika tek link nanggonku olih apa ora? Nek olih ya syukur, nek ora
    awasss…
    Hish.. hora dink, ora wani lah..

  6. kapan ana maning yah sepur egreg,senajan egreg egreg tapi kan kanggo gawe nang wong wong cilik.kaya siki ora ana sepur egreg usaha nang cipari dadi kaya ora ana hasile.i_man

  7. Ping balik: Cerita lain Bangsari » Blog Archive » Cita-cita: tukang semprit kereta sampai dengan menteri

  8. maju terus kereta api indonesia.
    peran orang-orang transportasi sangat diperlukan di jajaran petinggi khususnya kereta api. jangan sampai kereta api indonesia terus terpuruk karena kepentingan politik-politik yang tidak akan habis. mari majukan transportasi indonesia dengan mulai dari diri kita masing2.

  9. Pas cari di Google kata Meluwung eh ternyata nongol di sepur egreg-egreg. Memori jadi melayang ke tahun 70-an saat sering naik sepur egreg-egreg itu. Yang langsung teringat, mbok-mbok kalau meludah warnanya merah, lantaran habis nyirih. Salam untuk semua komunitas “Jawa Koek”.

  10. Wah jan marekna kemutan mbiyen, numpak sepur agi cilik tekan cikawung, pengin jajan anane bakul jambu wer,kecute rapatut. Terus sepure mogok,lha akhire nunggang sepur watu, panase poll, tudhungan jarite mboke. Melasi mbok?

  11. Nek ana sing esih duwe poto sepur ejreg-ejreg (gemiyen dijenegi sepur guder, wektu esih nganggo lok uap ireng kae loh) mbok inyong dikirimi. Inyong kangen temenan, sebabe gemiyen rikala taun 1970an sering mu,pak sepur kuwe sih, sekeng Kroya arep maring kawunganten…

  12. elek-elek ngono kuwe yo ana gunane, gemiyen jamane sekolah kanca2ku ya akeh pada nunggang sepur krutuk, aku bae gemiyen yen dolan sering nggang sepur, budale ora seka stasiun tapi nyengklek pas sepure arep budal. Tapi dudu sepur kiye jurusan Banjar-Kroya, tapi sepur krutuk jurusan Tegal-Prupuk, nganggo lok uap, kelingan jaman gemiyen maning yen dolan maring Slawi, Balapulang. Yen ono sing nduwe foto sepur egreg, enyong bisa o dikrimi yah?

  13. sing duwe blog kiye asline wong ndi trus pada sekolah nang ndi ndisit,nek aku wong sidareja pedek stasiun paling2 100 mtr arah wetan,pokoke pedek baso “wiyono”,takon aku mesti pada ngerti

  14. sepisan numpak mbien maring pengandaran…. bareng wedhus mbarang.
    tapi nglewihi bisnis koh, lha nek bisnis kursine mung bisa di walik ngadep ngarep mbi mburi lha sepur kiye kursine bisa di pindah mbarang.

  15. sampeyan sapa sih, aq dadi kangen karo nggon ku lahir ya cilongkrang gue lah…….
    sampeyan manggon nang endi cilongkrange?
    nek aq nang gunung tugel cedek karo mbah gopir
    sampeyan weruh mbah gopir ora…….

  16. Seems like u truly fully understand a good deal related
    to this specific subject matter and that exhibits thru this excellent blog post, labeled “Sepur
    Egreg Banjar-Kroya, Elek-Elek tapi Ngangeni | jawa koek bersaudara”.
    I am grateful -Eva

  17. Today, while I was at work, my sister stole my iPad and
    tested to see if it can survive a thirty foot drop, just so she can be a youtube
    sensation. My apple ipad is now broken and she has 83 views.
    I know this is completely off topic but I had to share it with someone!

  18. Hi there would you mind sharing which blog platform you’re working with? I’m planning to start my own blog in the near future but I’m having a hard time deciding between BlogEngine/Wordpress/B2evolution and Drupal. The reason I ask is because your design seems different then most blogs and I’m looking for something unique.
    P.S Apologies for getting off-topic but I had to ask!

  19. I think that everything posted was very reasonable. However, what about this?

    suppose you were to write a awesome headline?
    I am not saying your content is not good, but suppose you added a
    post title that grabbed folk’s attention? I mean Sepur Egreg Banjar-Kroya, Elek-Elek tapi Ngangeni | jawa koek bersaudara is a little boring. You could glance at Yahoo’s home page and watch how they write article headlines to get people interested.

    You might add a related video or a related pic or two to get readers interested about
    what you’ve written. In my opinion, it would make your blog a little livelier.

  20. Can I simply say what a comfort to find somebody who genuinely understands what they are talking about on the net.
    You actually realize how to bring an issue to light and make it
    important. More people should look at this and understand this
    side of the story. I was surprised that you are not more popular because you
    most certainly have the gift.

  21. Heya i am for the primary time here. I came across this board and I to find It really helpful &
    it helped me out much. I am hoping to present one
    thing back and help others such as you aided me.

  22. train history between 1975-1990 trough local route (BANJAR KROYA) really suport people economic………….. tiket murah dari sidareja menuju kroya cuma 400perak tiap pagi jam 9-an tiba di di setasiun terakhir jam 12an dan kembali ke rute yang sama samao dgn setasiun banjar berhenti dan melewati stasiun kecil pelanggan /customer setia adalah pedagang sayur mayur hewan ternak anak sekolah dan masyarakat lokal

  23. Nek wong Kroya, Sikampuh, Maos lan Kesugihan nyebut sepur kie jenenge SEPUR BANJAR,,, sepur kie kena nggo tenger wong embret sawah MACUL, TANDUR, MATUN, jam 7 mangkat kang setasiun kroya tekan SIKAMPU-MERNEK-KALIJARAN jam 7.30 esuk wayaeh mulai macul, tandur lan matun,,, nek jam 12 sepur banjar kan kulon wayaeh pada ngaso bali disit…
    Nyong agi esih cilik mandan sering numpak sepur kie.. ngulon tekan KAWUNGANTEN,CIPARI lan banjur tekan BANJAR……. akeh bakul pecel… jaman mbien nek ora salah regane karcise esih 150 perak
    https://bondsuwarno.wordpress.com

Tinggalkan Balasan ke binary options trading free Batalkan balasan