giye apa?

Jakober, jeneng dawane jawa koek bersaudara, ya guwe blog sing digawe nggo wong-wong sing saben dinane ngomong karo basa jawa koek/jawa medok utawa maksud karo basa koek. Jakober digawe men wong wong jawa koek sing wis bisa nganggo internet pada bisa ketemuan maning,bisa tuker kaweruh, bisa tambah sedulurane, senejan nggone pisah-pisah.

Ora usah isin-isin ngomong utawa nulis karo basa jawa koek, wong basa giye kan basane dewek, mengko nek udu dewek sing melestarikan terus sapa maning? Salah siji cara nggo nglestarikna lan ngenalna budaya lan basane dewek ya karo blog giye. Mulane ayuh sedulur pada melu urun tulisan nggo ngisi blog giye men tambah rame lan tambah manfangati. Wong blog giye kan udu mung ndek-ku thok, tapi ndeke dewek, ndeke wong jakober, ndeke wong-wong jawa sing nek ngomong medok. Nyong nang kene statuse mung pengelola.

Kadangan siki esih jarang ana media sing nulis karo basa jawa koek, andamaning buku-buku cetak, masalaeh (kadangan) wong-wonge dewek urung mbiasakna nulis, nek ana apa-apa mung cerita-cerita thok sing nyambung terus-terusan. Moga-moga bae basa wis ana blog giye, terus ana tulisan-tulisan sing nyusul.

Lah jan jane sing nulis blog giye sapa sih?

aku.jpgSing nulis blog giye ya guwe jenenge Rohibun, bocah kelairan Bangsari (Bulaksari) Cilacap, sing siki agi nang Jakarta. Saben dinane kerja karo kuliah. Mulaih melu-melu nulis blog basa diwaraih gawe blog nang Kang Bahtiar, terus disemangat-semangati nang Kang Syaeful. Mulane mengko nek blog giye urung rapih ya aja diguyu, jenenge be esih latihan.

29 thoughts on “giye apa?

  1. Enyong ora trima Kang,
    di yakin, jere basane banyumasan
    deneng si sing ditulis nang header ” basane wong cilacap, kebumen, purwokerto, purbalingga, banjarnegara, pekalongan, tegal, ciamis sebelah wetan lan lia-liane

    Endi ? wong Banyumas ora diabsen ?
    Apa merga kabupaten liyane nama ibukota = nama kabupaten ?
    la annger enyong wong sokaraja, buntu, wangon, ke priwe jajal, masa ngaku wong purwokerto ?

    He he he aja kesuh ya Kang
    Mbok Kakange lagi mumet kakehan gaweyan dadi nggole nulis header kurang…..

  2. halo salam kenal, Mas rohibun. Inyong duwe usul, gimana kalo headernya diganti, uwong sing asale skang ex karsidenan banyumas, dadhi wong banyumas, , kutoarjo juga melu.

    salam kenal

  3. Nyong setuju karo rika (kang Toro), jerene purwokerto beda sending karo bayumas…. “massa’tah’ karisidenan bagian wetan dibedakkena apa maning nyong ya rumangsa wong Kec. Tambak sing jelas kabupatene nyata-nyata Banyumas apa ya ora diakoni wong banyumas jejel ……apa ya nyong kon melo talatah Kedu…. ksuwun ya..

  4. Jyan maen banget kiye bahasane blog nganggo bahasa Banyumasan. Ya moga-moga bae bisa nggo sarana mempererat tali persaudaraan.

    Salam kenal ya Kang, Inyong kancane Ipoul Bangsari.

  5. mas rohibun, aku salut banget karo blogmu: jaman siki kan bocah-bocah pada sibuk dhewek2(termasuk aku),tapi njenengan asih bisa nglestarikna budayane dhewek,….
    mas rohibun terus berjauang!

  6. aja kelalen,nggawe cerpen kisah ku ya mas rohibun…..
    aku akn batirmu wektu sekolah mien sing paling narsis…
    salam nggo kanca_kanca se banyumas
    :siyantodsantoso@rocketmail.com

  7. Assalamu’alaikum…. priwe kabare para sedulur kabeh,sing ana nang ndi bae. insun melu nimbrung ya… insun klebu wong cipari sisih lor pase ya desa banyupanas,sedulur kabeh sing kenal karo insun,monggo layangaken apa wae sing ana manfaate,apa arep kenalan,apa aweh kabar meng serat elektronike insun,(i_siman@yahoo.co.id)jeneng insun nasiman_

  8. Kang melu gabung entuk mbok, nyong wong kroya kiye lg pengen blajar nggawe blog…. belajar nulis sitik2 lah tujuane pgn golet seduluran, kanca, lan pengen nglestarikna basa ngapak alias jawa koek… lam kenal kang…

  9. kang aku wong wetanan …..oleh nulis gak kang …..lah basane dialeke lan istilahe saperangan beda, mengko ndadekake kleru tampa….utawa salah persepsi ngono kang

  10. ass mas..ayo mas ibun sing ganteng eksis maning.. Masa semakan wis due bojo ora semangat maning..slm go kabeh, men aku wong jabar tpkan bojoku wong cilacap,..

  11. Assalamualaikum w w
    Kang kiye bloge macet apa lepriben deneng wis selang rong tahun (2 tahun) ora ana kabare babar pisan. Enyong nunggu kabare gole gawe KTP JAKOBER kawit tahun 1999 ganti seprene ora ana pungkasane. Jajal lah ayuh digiatna maning, jan rasane sreg tur gandem angger ketemu karo kanca2 mbanyumasan dadi mbok arep kepribena ya tetep tek tunggoni. Kiye alamatku mbok arep ana sing gendu2 rasa : kuatslamet@yahoo.co.id sikine aku manggon nang kota Purwakarta, cedeke Cikampek. Wis ya semene disit engko ngger ana respon jan ayu bareng2 digiatna maning ….. wasalam banyumas negriku ….

Tinggalkan Balasan ke el-toro Batalkan balasan