Nek wong-wong ngarani sepur egreg, utawa sepur kruthuk, jan jane jeneng resmi sekang PT KAI yaguwe Kereta Api Campuran. Dijenengi sepur kruthuk utawa egreg sebab nek mlaku sepure brisik banget, nggole obah kenceng banget, kaya ana lindu 7 skala richter, suarane egrag-egrek, kruthak-kruthuk. Nek basa resmine diarani Kereta Api Campuran sebab sepure ana gerbong sing nggo penumpang lan gerbong sing nggo barang. Biasane gerbong sing nggo penumpang ana loro nang sebelah ngarep/mburi ndas sepur. Gerbong sing nggo barang nang paling mburi, jumlaeh biasane luwih akeh ketimbang gerbong sing nggo penumpang.
Sepur egreg ngelayani penumpang sekang stasiun banjar nang ciamis jawa barat gutul kroya nang cilacap jawa tengah lan sewalike. Setasiun-setasiun sing dilewati yaguwe banjar – rancakole – langen – cikawung – meluwung(mlewong) – cilongkrang – cipari – sidareja – gandrungmangu – sitinggil – kawunganten – kubangkangkung – jeruklegi – lebeng – kesugian – maos – sikampuh – kroya.
Sedinane ana rong sepur sing jalan. Siji mangkat kang kroya jam pitu isuk, gutul banjar jam rolas awan, terus jam siji balek maning meng kroya. Sing siji maning mangkat kang banjar jam pitu isuk, gutul kroya jam rolas awan terus balek maning meng banjar. Senajana kaya guwe sing nunggang ya akeh bae, malah nang permasi/gerbong penumpang sampe umpel-umpelan.
Sepur egrek klebune kelas ekonomi, malah sengisore maning (berarti kelas apa ya?) mulane sepure kalahan, maksude ya nek ana sepur gede (istilah nggo sepur ekonomi jarak adoh lan sepur-sepur kelas bisnis meng nduwur) mesti kon nunggu gisit. Sepure elek, semrawut, kotor. Nang jumblenge boro2 ana banyune. Jegongane be nganggo dingklik dawa, nek nang gerbong barang malah pada nglekor, sebab ora ana jegongane sih. Nek sing kang banjar biasane sing nunggang bakul-bakul kerupuk, nek kang kroya biasane sing nunggang bakul-bakul janganan.
Tapi sayange siki sepur egreg wis ora dijalakna maning nang PT KAI. Krungu-krungu sih alesane jerene ora ana untunge. Bisane ora untung sebab sing pada numpak ra pada tuku karcis, senenge langsung pada mbayar aring kondekture. Padahal jerene kan PT KAI salah siji perusahaan pemerentah sing ora ndinginaken untung utawa Perusahaan Jawatan.
Siki basa ora ana sepur egreg transportasi meng daerah pinggir wetan ciamis mandan engel, nek kepengin dolan meng cikawung be rasane dadi adoh. Nek arep nganggo mobil ndadak muter-muter. Sing paling melasi ya bakul janganan karo bakul kerupuk. Biasane nek tus belanja janganan nang kroya pada digawani nganggo sepur egreg. Gari diglethakna nang gerbong terus mbayar sewu rongewu wis beres. Tapi siki kudu karo mobil sing tentune mbayare luwih larang. Bakul kerupuk ya kaya guwe.
Aku jan jane mandan gumun karo pemerentaeh, khususe ya PT KAI, jan jane karepe kepriwe koh bisa-bisane kendaraan massal sing wis genah manfangati nggo masyarakat koh malah ora dijalakna maning?
gambare dijimot sekang kene

November 29, 2007 at 8:25 am
Dijenengi sepur kruthuk utawa egreg sebab nek mlaku sepure brisik banget, nggole obah kenceng banget, kaya ana lindu 7 skala richter, suarane egrag-egrek, kruthak-kruthuk.
kuwe pancen bener kang.
Nek basa resmine diarani Kereta Api Campuran sebab sepure ana gerbong sing nggo penumpang lan gerbong sing nggo barang.
kiye mandan kurang bener. sing lewih bener ya kuwe, sebab penumpange ora mung wong thok. ya ana bebek, enthog utawa wedus. pokoke sip lah…
Sepur egrek klebune kelas ekonomi, malah sengisore maning (berarti kelas apa ya?)
jenenge sepur kelas kambing…
November 29, 2007 at 12:32 pm
rika gemiyen sering langganan apa kang?
November 29, 2007 at 6:29 pm
wah aku kok ora menagi sepur krthuk ya. tapi sepur ekonomi mbok kebehan kaya kuwe.
November 30, 2007 at 2:02 am
pancen,,,, sepur nang indonesia akeh2 munine kaya jet coaster…. serune poLLLL….
November 30, 2007 at 10:02 am
#1. ya bener setuju pokoke lah
#2. langganan sih ya ora, mung sering nunggang (beda ora ya?)
#3. seplok taun 2002an wis ora dijalakna maning
#4. tapi sing numpak pada bisa turu bae ya ..
Desember 2, 2007 at 4:54 am
hahahaaaaa lik setuju lah nyonge nek dianakna kartu milis kusus banyumasan bene mandan gaul tapi tetep asik lan asli banyumas.
sing umaeh neng pinggir rel sepur jan anu marem temenan nek goncangane sepur nganti ora bisa mbedakna lindu karo sepur liwat
Desember 4, 2007 at 6:15 pm
Gambare ora asli sepur sing liwat metuk jalur sing disebutna.
nangis mbayangna uripe wong cilik, mbayangna semangate bocah sing usul wedus nggo sekolah, mbayangna bocah cilacap sing lagi ngarit nang blangkonlinux.or.id (gambar arit karo kandine dipotong)………….lha Kang, rika maraih enyong nangis mrebes mili
Januari 4, 2008 at 3:46 pm
Rika lah marekna aku nlangsa kelangan sepur kesayangan. Kelingan jaman mbiyem nek wulan puasa. Isuk-isuk melu tekan kroya, ko mbalek maning. Tekan ngumah wis rep gari ngenteni buka.
Ohiya kang, bloge rika tek link nanggonku olih apa ora? Nek olih ya syukur, nek ora
awasss…
Hish.. hora dink, ora wani lah..
Februari 17, 2008 at 1:25 pm
kapan ana maning yah sepur egreg,senajan egreg egreg tapi kan kanggo gawe nang wong wong cilik.kaya siki ora ana sepur egreg usaha nang cipari dadi kaya ora ana hasile.i_man
Maret 10, 2008 at 3:55 am
Siki sepure ya wis modern kang. langka maning sepur sing egreg-egreg
Mei 2, 2008 at 3:03 am
[...] kami sekeluarga pergi mengunjungi Simbah di Kesugihan. Untuk itu, kami menggunakan kereta api kluthuk melalui stasiun Gandrung Mangu. Di sana saya menyaksikan tukang semprit kereta. Tukang semprit itu [...]
Mei 28, 2008 at 2:03 pm
maju terus kereta api indonesia.
peran orang-orang transportasi sangat diperlukan di jajaran petinggi khususnya kereta api. jangan sampai kereta api indonesia terus terpuruk karena kepentingan politik-politik yang tidak akan habis. mari majukan transportasi indonesia dengan mulai dari diri kita masing2.
Desember 22, 2008 at 10:35 am
Pas cari di Google kata Meluwung eh ternyata nongol di sepur egreg-egreg. Memori jadi melayang ke tahun 70-an saat sering naik sepur egreg-egreg itu. Yang langsung teringat, mbok-mbok kalau meludah warnanya merah, lantaran habis nyirih. Salam untuk semua komunitas “Jawa Koek”.
Maret 24, 2009 at 3:04 pm
lah.. rame timen kiye.., ngapak kabeh yah..?
deneng kebetulan temen ketemu dulur ngapak
Juni 12, 2009 at 4:31 am
genah orapatut sepur onggrang kya grobag bodol hahahha
Juni 12, 2009 at 4:33 am
pda on ya lah men rame…
aja pda mkirna wadonan bae wkwkwk
hus2…aja brisik mbok tanggane krungu
Agustus 21, 2009 at 4:16 am
justru wadon sing marakna on kang
Agustus 20, 2009 at 1:12 pm
Wah jan marekna kemutan mbiyen, numpak sepur agi cilik tekan cikawung, pengin jajan anane bakul jambu wer,kecute rapatut. Terus sepure mogok,lha akhire nunggang sepur watu, panase poll, tudhungan jarite mboke. Melasi mbok?
Agustus 21, 2009 at 4:15 am
nek pas ngelakoni tah melasi kang, tapi siki ngimut-imut malah dadi endahe koh
September 26, 2009 at 3:14 pm
Nek ana sing esih duwe poto sepur ejreg-ejreg (gemiyen dijenegi sepur guder, wektu esih nganggo lok uap ireng kae loh) mbok inyong dikirimi. Inyong kangen temenan, sebabe gemiyen rikala taun 1970an sering mu,pak sepur kuwe sih, sekeng Kroya arep maring kawunganten…
November 3, 2009 at 1:22 am
elek-elek ngono kuwe yo ana gunane, gemiyen jamane sekolah kanca2ku ya akeh pada nunggang sepur krutuk, aku bae gemiyen yen dolan sering nggang sepur, budale ora seka stasiun tapi nyengklek pas sepure arep budal. Tapi dudu sepur kiye jurusan Banjar-Kroya, tapi sepur krutuk jurusan Tegal-Prupuk, nganggo lok uap, kelingan jaman gemiyen maning yen dolan maring Slawi, Balapulang. Yen ono sing nduwe foto sepur egreg, enyong bisa o dikrimi yah?
November 15, 2009 at 2:16 pm
sing duwe blog kiye asline wong ndi trus pada sekolah nang ndi ndisit,nek aku wong sidareja pedek stasiun paling2 100 mtr arah wetan,pokoke pedek baso “wiyono”,takon aku mesti pada ngerti
November 17, 2009 at 8:32 am
aku wong bangsari kang, kang sitinggil ngalor, miyen sekolah SMA ne nang kunci, salam tepang