Mudik! Ora Mudik Ora Asik

Badan ora mudik? ora asik. Lah primen sih? soale mudik guwe kejaba ketemu wong tuwa, uga ketemu kanca-kanca cilik, kanca-kanca sing mbiyen bareng-bareng dolanan panggal, umbul, thaklik, nyolong peleme tanggane lan lia-liane.

mudik

gambare golet nang gugle

Wis Mudik, Aja di Gawe Ora Asik

Aja ngasi wis tekan ngumah tapi ora gelem nyrawungi kanca-kanca sing nang ndesa, sing di plototi gadget baen nggo ngobrol karo kanca-kanca sing amben dina ketemu nang kota. Gantian Kang. Aja kelalen loh, kanca-kanca nang ndesa guwe melu urun maring kesuksesane wong sing pada merantau nang kota, urun donga, utawa senajan mukur melu bungah karo kahanane perantau sing pada sukses.

Rika pada mudik ora?

Dolan Meng Jepang

Seminggu neng Jepang Pakdhe karo Budhe akhire nemu restoran masakan Indonesia.

Pelayane Robot. Robot teko nyedaki Pakdhe, trus ngomong:

“What is your nationality?”robot takon.

“Indonesia,” jare Pakdhe.

“Selamat datang,” jare robot nganggo bahasa Indonesia.

“Apa bahasa suku Anda?” robot takon meneh.

“Jawa,” jare Pakdhe

“Sugeng siang. Badhé pesen nopo?”

Jare robot nganggo boso jowo.

“Canggih yo bu?” Pakdhe ngomong karo Budhe.

Budhe : “Ono lotek?”

Robot : “Ono.”

Budhe : “Pesen rong porsi.”

Robot: “Porsi gedhe opo cilik?”

Budhe : “Porsi gedhe.”

Robot : “Lomboke piro?”

Budhe : “Sing siji loro, sing siji sepuluh.”

Robot : “Nganggo kangkung?”

Budhe : “Yo.”

Robot : “Nganggo timun?”

Budhe : “Yo.”

Robot : “Nganggo kol?”

Budhe : “Yo.”

Robot : “Nganggo kol jowo opo kol asli Jepang?”

Pakdhe : “Sing endi wae lah manut!”, Pakdhe wiwit rodo nesu.

Robot : “Kacange diuleg opo diblender?”

Pakdhe : “Kuarepmu!”

Robot : “Kacange setengah mateng opo mateng?”

Pakdhe : “Goréng sing gariiiiiiing..!!”

Robot : “Nganggo bawang goreng rak?”

Pakdhe : “Nganggo…, asu!” Pakdhe misuh banter banget.

Robot : “Dipiring opo dipincuk?”

Pakdhe : “Dipiring !”

Robot : “Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa?”

Pakdhe : “Jelantah… wedhus!! !” Nesu banget soale wis sepuluh menit dhewe.

Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan robot’é ngomong meneh:

Robot : “Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di suguhake…”

Pakdhe : “Nopo? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso nopo to ndes?”, jare Pakdhe emosi.

Robot : “Soale durung ono asune karo wedhuse…”

Pakdhe : “Diancuuuk…Iso edan aku! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene !!!”, Pakdhe nggondhok…

Sumber : email

Gusti Alloh Maha Ngerti : Sawah Ora Ana Kakuse.

Akeh wong nganggep akeh ngombe akeh nguyueh. Pancen bener tumprape wong sing penggaweane ora ngetokna kringet kaya kerja nang ruangan sing ana AC-ne. Tapi tumprape wong sing menggawene ngetokna kringet pirang-pirang, senajan ngombe pirang-pirang gendul tapi tetep bae jarang nguyuh.

Mulane, senajan nang sawah ora ana Kakuse, wong tani ora kebingungen mbok keblet nguyuh. Soale wedang sing di ombe di toknane lewat kringet sing metune ora kudu meng kakus.

Nek di pikir-pikir, Gusti Pengeran pancen dzat sing Maha Ngerti tur Maha Murah, ngerti bae kebutuhane lan kahanane wong tani. Paedaeh papan sing kudune di gawe kakus kena nggo tambah-tambah papan tanduran.

Lah nek keblet ngising primen kang? Mradak meng gedangan apa mejlum meng kali. tapi ati-ati mbok ana miyangga

Pecel Ngganeh Ana Ndoge

Jajal rika tuku pecel nang daerah cilacap, banyumas utawa kebumen, nang pasar utawa nek agi numpak sepur. Tulih ingsine paling klubanan, kecombrang, kembang turi, nek agi mujur paling diimbuih bakwan utawa tempe goreng.

Pancen, pecel ya umume kaya guwe.

Aku mandan gumun karo pecel sing nembe tak tuku nang njakarta, enggane pecel ana endoge mbarang. Ya karuan regane dadi beda.

Mantra Pesugihan

Sapa wonge sing ora kepengin sugih? Pirang-pirang usaha dilakoni men dadi wong sugih, umpamane ngode dadi tukang becak, mbawon, dadi tenaga kerja indonesia nang luar negeri. Kabeh usaha dilakoni kanggo tujuan guwe mau.

Perkara sugih guwe ora adoh karo perkara duit. Wong sing akeh duite guwe ya wong sing sugih. Senajan sugih ora kudu duwe duit akeh. Bisa bae sugih anak, sugih utang, sugih kanca lan lia-liane.

Siki priwe carane men bisa duwe duit akeh? Gie aku nduwe mantra sing bisa di ucapna men olih duwit akeh. Kie mantrane

Montor mabur njaluk duite, ora ulih sogok silite

Gampang mbok, tapi ana syarate. Syarate gole maca mantra karo dodol emas. dijamin cepet sugih rika

Pacitan nang Dina Badan

Siki wis tanggal 18 wulan puasa, berarti ora suwe maning badan. Badan, dina sing paling dienteni nang wong Islam, khususe bocah-bocah cilik. Nang dina badan bocah-bocah pada ditukokna klambi anyar, nang dina badan akeh wong mbagi-bagikna sangu, nang dina badan pirang pacitan.

Ana sing khas nang desaku nek badan, pacitan. Badan ora ana pacitan udu badan jenenge. Nek wis tanggal likuran, kaum Ibu pada sibuk gaweni pacitan sing umume digawe sekang beras ketan. Sekang beras ketan bisa digawe rup-rupa panganan, ana satu, thuring, sagon, jipang, kriyik lan lia-liane.

Jaman siki wis pirang-pirang panganan sing di dol nang toko, rasa lan rupane werna-werna, nanging akehe panganan anyar tetep ora ngilangna panganan khas sing nang bangsari.

Jebule, panganan tradisional mau sing mangan udu para tamu, nanging sing duwe umah dewek, jalaran para tamu sing teka luwih milih panganan sing anyar-anyar utawa panganan sing sekang kota.

Badan taun siki dadi badan pertama aku disebut bapak, badan pertama ora bali nang bangsari.

Sugeng Riyadi kanggo sedulur kabeh, mboten namung ngaturaken sedanten kelepatan nyuwun pangapunten.

Keba, Tradisi sing Isine Islami

Kelawan nyebut asmane gusti Allah ingkang moho murah soho welas asih, sedanten puji kagungane gusti Allah dzat kang mengerane wong ngalam kabeh. Amma ba’du.

Sewelas wulan bar nganakna hajat kie, alhamdulillah siki bojoku wis berbadan dua alias meteng. Wulan april 2011 umur wetengane wis pitung wulan. Wis dadi adat sing turun temurun tumprape wong jawa, nek umur wetengan wis pitung wulan pada nganakna tradisi keba utawa mitung wulan.

Akhir-akhir siki akeh wong sing ngomong yen tradisi mitung wulan guwe ora ulih dianakna nang wong islam, jerena acara guwe kelebu perkara sing di ukumi bidngah, perkara anyar sing ora ana nang jamane kanjeng nabi Muhammad SAW.

Nek di pikir-pikir ya bener acara keba guwe ora ana nang jamane kanjeng nabi, sahabat lan tabingin. Lah mbok wis disebutna nek keba guwe tradisine wong njawa, udu tradisine wong arab.

Lantaran jasane ulama-ulama sing ana nang tanah jawa – ulama asli jawa lan ulama sing asale sekang bangsa arab, acara keba sing maune mung tradisi thok- malah bisa-bisa rituale akeh sing ora pas karo kaedah agama siki di ubah dadi islami. Isine ana tahmid, takbir, tahlil lan kalimah-kalimah sing bisa nggo taqorrub marang gusti Allah. Bar pada taqorrub terus pada munajat marang gusti Alloh, nyuwun keselametan kanggo wong islam nang ngalam dunya, khususe sing duwe hajat. Moga lantaran donga guwe jabang bayi lan sing ngandut di paringi keselametan.

Perkara dianakna nang itungan pitung wulan guwe udu diniati tartib maksude acara dadi ora sah nek ora nang pitung wulan, tapi mung nggo ngepenakna itungan. Sing jenenge ndonga mbok kapan bae ulih, senajan ana wektu-wektu tertentu sing luwih di ijabah.

Nek menurutku tradisi guwe seni. Sing jenenge seni guwe indah tumprape wong sing nyenengi, tapi kanggo sing ora  seneng bisa baen malah nggethingi. Mulane sebagai tradisi, ora kabeh wong nganakna keba.

Wallohu A’lam

Mangsan Udan Lombok Larang

Nduwe tanduran lombok nang musim udan kadangan meh pada karo duwe bayi cilik, angel rumatane tapi gede pengarepane. Wis dadi wateke wit lombok sing ora seneng kakehan banyu, mulane nek keseringen kenang udan godong lombok pada kriting, wite kuntheten, pentile ambrol baen.

Taun siki wis pirang-pirang wulan udane dur-duran. Ora mukur lombok, palawija apa baen pada angel rumatane. Mulane memper baen siki rega janganan lan bumbu-bumbu pada mundak. Malah lombok abang sekilone tekan satus ewu.
Ya karuan bungah ya sing duwe panenan lombok akeh. bisa golet tunggangan anyar pokoke lah